Friday, October 28, 2011

Pucung Gangsal Prakawis

Seperti ditulis oleh Tiyo Widodo dalam Kompasiana.com

Nagri iki
saweg nandhang cidra ati
kathah durangkara
ngalor-ngidul gara-gara
yen sinawang
kaya ngelak banyu abang

Laku becik
kudune mituwuh apik
nanging sing kalakon
satuhu ora kebathon
kang prasetya
kapilara kapidana
Lembah manah
prayogane nggebyah uyah
panggalih kang edi
kudune mepeti werdi
sing ginawa
lathi alus lan wibawa
Slira manteb
rasa lantip ati landhep
sabarang prakara
ora sirna kanthi mawa
sareh mikir
durjana bakal sumingkir
Titi wanci
mlakune tan ana mati
pratikna ing karep
rumatana nganti jangkep
teteg puguh
kasembatan ing panggayuh
(Pleburan, Semarang, 22 Juli 2011)